Jumat, 14 Juni 2013

Pariwara lan Geguritan

  •  PARIWARA
  • Iklan ing basa jawa diarani pariwara.
  • Pariwara iku wujud sesambungan kang duwe maksud kanggo menehi gregetan wong tetuku, nawaake sawijining barang utawa tenaga.
  • Syarat gawe iklan / pariwara : 1) Pandhapukipun ringkes. 2) Ukarane cetha aos. 3) Ora gawe rugi masyarakat. 4) Bisa ngunggah krentege kepengin ngerti.
  • Jenising iklan / pariwara : 1) Iklan komersial, 2) Iklan leladi jasa, 3) Iklan keluarga, 4) Iklan kesehatan.
  • Pariwara Komersial yaiku pariwara kang nawaake produk / barang.
  • Pariwara Leladi Jasa yaiku pariwara kang nawaake babagan sosial, tujuane ngedol kanggo leladi marang masyarakat.
  • Pariwara Keluarga yaiku biasane awujud ucapan wisuda, ucapan belasungkawa, lll.
  • Pariwara Kesehatan yaiku biasane ngelingake bebrayan ing babagan kesehatan. Contone : posyandu, KB, 3M, lll.
  •  Geguritan saka tembung gurit, sing ateges tulisan.
  •  GEGURITAN
  • Geguritan nduweni teges karangan mawa basa jawa kang isine wedharing panguneg-uneg, nuduhake rasa seneng, sedih, susah, kuciwa, lll.
  • 2 cara kanggo ngapresiasi geguritan : 1) cara langsung : nganaake kegiatan maca, mangerteni isine banjir ngerasaake isine geguritan. 2) cara tak langsung : nyinaoni teori sastra jawa kang ana gegayutane karo geguritan.
  • Pranata maca geguritan : 1) mbutuhake suara kang apik, 2) perlu nggateake pemedhote ukara, 3) swara kudu cetha lan banter dirungoake lan dirasaake, 4) lagu, intonasi jumbuh karo isi geguritan, 5) ekspresi wigati kanggo nuduhake pangrasa ana ing geguritan.